22 November 2012

UDAN DERES ING KUTHA NGAWI

Aja ngimpi mendhung iki bakal sumilak tanpa udan
Sabab angin kang teka ora kuwawa nerak barisan tenung lan pengasihan

 
Umbaren wae

 
Jer kudu udan sing nganyari bumi
Sawangen langit sansaya peteng
Mendhung tumpuk undhung
Mentelung
Mentiyung

 
Saka Gunung nganti Ngare wiwit keprungu swara gludhug
Kilat sesamberan ing antariksa
Mobat-mabit pecut Mikail
Miyaki jalma nitik tapak Israil

 
Apa ora kumelap atimu

 
nyawang lemah bera padha nela sadhepa-dhepa?
Menga kaya angrantu mangsa kuwandha
Lan ing pinggir-pinggir dalan sukete wis mambu bangke
Iki pancen kutha tuwa sing mangku alas ketangga
Nanging kahanane wis miring mangiwa

 
atos kaya watu

 
Ora kengguh ing pamangguh
Ora melur ing pitutur
Ora doyan dinulang kautaman
Ing kiwa-tengen pendhapa
Pinager barisan ngidajil

 
Nenantang kekasihe Dzat Kang Tanpa Sangkan
sinangka gigrig sang Bathara Yama
Sinangka jirih Sang Bathara Nara
Sinangka ulap Sang Bathara Darma

 
Wis…Wis…
Umbaren wae

 
Deresna wiridmu aja keprungu
dimen ora jugar tapa-bratamu
Sabab Udan wus arep teka
Sinartan bledheg mawurahan nggempur angkara
Bebarengan lan gumelare surban sejati
Kumandhange sholawat Ad-dakhil
Mapag tekane Sang Aji
Ratu Anyar pangawaking Manungsa Sejati


Puisi Jawa (Geguritan )
Cipt : Dhalang Poer (NGAWI)