Warjo bali saka kantor ora njur
salin klambi apa mangan, ning malah bali neng teras, lungguh dhelog-dhelog ing
kursi dawa sing biasane kanggo ngisis.
Dheweke mau krungu kabar, yen
bojone mitrane ya si Sarju pancal donya merga babaran. Yen pada ngarani seda
konduran ngono kae.
Jane, sawise krungu ngono mau
rekane ya njur arep layat, ning yen kelingan bojone dhewe ya lagi nandhang
setres, kekarepane diwurungake.
Dheweke trima mulih. Weruh bojone
ngomyang karo nglela-nglela bonekah atine dadi angles. MBokne Warjo ora
leren-leren anggone nglelipur mantune, ning bojone Warjo ora ngrewes, tetep
ngomyang, pijer nyayang-nyayang boneka kuwi ing kekebane.
Oh … atine Warjo angles. Ya saploke
nglairake anake mbarep wis ana sepasar iki, ning lair bayine wis ora ana,
pikirane bojone sak nalika dadi owah.
Warja ya ngerti, kabeh mau merga
bojone banget kagelan. Wis patang taun mbangun brayat, lagi arep diparingi momongan.
Mesthi wae kaya ngapa bungah lan anggone nggegadhang, mbesuk anake yen lahir
sehat ndemenakake.
E … kok merga neng sumur adus tiba
kepleset, let sedina krasa arep nglairake. Ya njur gage digawa neng Puskesmas,
ning bareng lahir bayine meneng wae … jebul wis ora ana. Ngono wae dhoktere
isih ngendika :
“Niki begja mas, saged lahir kanthi
gampil’. Ngerti lahire anake wis ora gelem dimong, bojone Warjo njerit-njerit
histeris, sabanjure wis nganti digawa mulih isi tetep ngomyang. Mula karo Warjo
njur digolekake bonekah neng pasar… e kok jebul kena kanggo ngeneng-enengi.
Saiki ora pijer nggriyeng nangisi
bayine, ning tansah nglela-nglela bonekahe kuwi. Ngeligi Sarju kuwi kancane
kenthel wiwit sekolah SD, kancane neng greja, bareng PA, rombongan koor, mula
bareng ngerti mbokne nunggoni bjone, Warjo gage pamit.
“Mbok, aku tak layat neng nggone
Sarju ndisik ya, yen ora njur teka, rasane kok ora kepenak”.
“Iya le, wong piye-piyea kae kuwi
kancamu becik, gek lagi kasusahan kepaten bojone, mangka ninggal bayi abang,
wah mendah susahe.”
“Iya mbok, menungsa mono yen lagi
diparingi coba, kok werna-werna penandhang sing kudu disandhang.”
“senajan kowe dhewe lagi diparingi
prihatin lan susah le, ning sabisa-bisa ya lipuren Sarju kuwi Jo, sapa ngerti
mengko kowe ya entuk panglipur”.
“Iya mbok, wis aku tak mangkat.”
Warjo nyedhaki bojone sedhela, ngelus bathuke kebak asih. Sing dielus katrem
anggone nyayang boneka ditempelake ing dhadhane kaya wong lagi nusone.
Weruh dhadhane bojone sing
payudarane mengkah-mengkah kebak banyu susu … sing kudune di susu bayi … atine
angles.
Mula gage-gage ninggalake bojone,
kanggo nyapih atine sing rontang-ranting. Ngetokke motore nggeblas tumuju omahe
Sarju layat. Weruh tekane mitrane, Sarju gurawalan methukke banjur gapyuk
ngrangkul karo tangise wutah kaya bocah cilik.
Warjo sing saka ngomah wis sangu
ati susah, kesetrum Sarju sing nagis, sanalika ya melu nangis. Wong loro dadi
ruket-ruketan nangis ngguguk gawe trenyuhe sing padha nyawang.
Gandheng tangga desa, mula
wong-wong ya ngerti yen Warjo ya mentas wae kesripahan anake sing lagi lahir.
Dadi wong-wong ya maklum. Mula
dening sawenehe pelayat sing sepuh, kekarone dirangkul banjur diajak mlebu ing
omah. Sawise padha lungguh banjur dingedikani akeh-akeh, yen wong mono mung
saderma nderek kersane sing paring urip.
Paribasane nyawa mono mung
gadhuhan, bandha sampiran. Manungsa ora kena nggegegi banget.
Sawise padha lerem tangise, priyayi
sepuh mau metu, Warjo lan Sarju banjur padha omong-omongan nyritakake
penandhange dhewe-dhewe.
Sarju ya ngerti, merga dhek Warjo
kesripahan anake, dheweke ya layat karo bojone. Bojone Warjo lan bojone Sarju
ya padha-padha mbobot tuwa, mula olehe babaran ya mung ngarep mburi, kacek
sepasar dhisik bojone Warjo. Mung sing kanggo lantaran bojone Warjo ndadak
nganggo tiba neng sumur, dene bojone Sarju nglairake neng ngomah.
Merga kakehan getih sing metu
mangka mbah dhukun ora ngerti kudu piye, mula sawetara mung padha bingung. Lagi
bareng sing bayen semaput, Sarju bingung golek kendharaan arep dianggo nggawa
bojone neng Rumah Sakit, ning tekan ndguwur mobil wis les … ora ana (pancal
donya).
Yen bayine seger waras tur tangise
bantas. Bareng wis sawetara anggone padha rerembugan, Warjo kepingin weruh
bayine diterke Sarju. Bubar iku Sarju banjur nemoni tamu-tamu sing padha layat.
Wektu kuwi bayi sing nembe lahir kuwi dipangku mbahne wedok.
Nyata bayine gedhe. Jare dhek
mbobote sing tuwa ya sehat, gaweyan apa ditandangi.
Bayi kuwi neng pangkon
krugat-kruget, tutuke sing ndamis kuwi cloropan. Karo mbahne Sarju njur
ditetesi madu sing wis didulit nganggo kapas.
Bayi kuwi ya gelem nglameti. Warjo
njinggleng anggone ngawasake. Rasa welas sing mbangeti tuwuh ing atine. Batine
ngudarasa :
Mendah olehe njur gedhe lan sehat,
yen bayi kuwi njur bisa mimik banyu asi sing asli. Kaya duweke bojoku sing
kudune dianggo mimiki bayi. Saiki mung nganggur metu kekotos, sing mung kebuang
muspra. Mangka bojoku ya ngomyang terus, nglela-nglela bonekah merga setres
kelangan bayine. Ah … apa Sarju gelem ya tak jak rukunan?
Ngono batine Warjo. Warjo gage metu
ninggalake bayi kanthi sangu sewu rancangan sig bakal dilairke neng Sarju,
sawise kabeh rampung berkahan lan pangruktining kunarpa, Warjo tansah nyaketi
Sarju.
Sawise budhale layon ing palerenan
sing pungkasan, para pelayat sebagian ana sing ngeterake tekan pasareyan, ning
ya akeh sing padha kondur.
Disawang Warjo, praupane Sarju
katon sedhih lan ing mripate bali kemembeng luh sing sajake ora kena dibendung.
Mula niyate arep omong-omong
diwurungake, ati rasane isi durung mentala. Mulane ya njur kaya wong-wong
liyane, sawise ngepuk-puk pundhake mitrane, Warjo ya njur pamit mulih. Karo
nguntapake lan nyalami, Sarju kandha marang Warjo:
“Mas mbok mengko bali ya ngancani
aku, ben ora temlawung banget.”
“Iya dhik, muga-muga mbakyumu ana
sing nunggu, ben aku bisa bali mrene.”
“Iya mas, tenan lho, rawuhmu
sembahyangan lan wungon mengko tak tunggu.” Warjo banjur mulih. Tekan ngomah
njujug mburi wisuh lan ganti klambi njur mlebu neng kamare bojone.
Tinemu Dinah bojone turu angler
ngelone bonekahe, ditunggoni mboke. Warjo takon :
“Dinah olehe turu wis suwe mbok?”
“Ya wis sauntara le, malah mau
mentas tak dulang, ya entek yen mung limang sendhok wae, lan jur turu.”
“Ya syukur mbok ben pikire bisa
ngaso.”
“Ning ya kuwi le, janji susune krasa
lara bonekahe kuwi disule-uselke dikon mimik, njur banyu susune dadi kumocor
metu merga kepenet boneka.Ya iki, dadi ambune amiis ngganduk, ajoa anak, rasane
aku kaya ora betah nunggoni.”
“Ya sing sabar mbok, muga-muga wae
Dinah ndang eling lan gelem nampa kasunyatan, yen anake kuwi ora gelem
diemong.”
“Lha iya, wong tuwa bisane ya mung
nyenyuwun ta le, ben Pangeran paring pangentheng-entheng sesangganmu iki”.
Warjo njur lungguh neng sandhinge mbokne karo kandha :
“Kana mbok ngisi weteng dhisik njur
adus, aku genti sing tunggu. Simbok ngaso ndisik gentenan.”
Dikon anake, mbokne ya njur ngadeg,
metu saka kamar tumuju pawon.
Sajake Dinah krasa kepenak, nyatane
nganti sore ora nglirir. Malah Warjo nggloso neng sandhinge bisa keturon, sing
ateges bisa ngaso.
Mung wae Warjo nglirir, nalika ing
ngarepan krungu wong “kulanuwun”.
Gregah Warjo tangi, gage tumuju
ngarepan mbukak lawang. Jebul Lik Pawiro adhine mbokne sing omahe tangga desa.
Gupuh Warjo anggone ngacarani :
“Mangga ngriki, lik”
“Iya jo” wong loro banjur lungguh
ing kursi tamu. Lik Iro ndhisiki takon :
“Piye, Jo, bojomu?”
“Nggih empun sae lik, sak niki
empun mboten nangis nggriyeng mawon, sareng kula tumbaske bonekah.
Dinten-dinten bonekahe niku sing dilela-lela”.
“Wah mesakke banget bojomu, Jo. Ya
muga-muga ndang diparingi eling lan waras.”
“Enggih pangestune mawon, Lik”?
“Lha iki mbakyu ana ngendi?” Kandha
ngono mbok Iro karo ngadeg memburi nggoleki mbakyune, tinemu lagi nglaras.
Lungguh tlundhakan pawon karo nyomak-nyamuk nginang, ketara lambene sing mblenger
abang. Sajake bubar adus, ketara wis jungkatan lilis. Mbarengi nglepeh kinange,
adhine njedhul karo kandha :
“Empun rampungan napa mbakyu?”
“Uwis dhi, wong lehku mangsak kuwi
mau esuk sisan, sore nek arep madhang keri ngangeti. Wis suwe pa kowe mau?”.
“Enggih dereng yu, wong ula bar
ditemoni Warjo nggih njur mriki niki.”
“Pripun yu dhenok larane?, rak
empun mboten ngomyang to?”
“Lha ya kae, wiwit ditukokke boneka
Warjo njur leren ngomyang, ning dina-dina saiki nglela-nglela bonekahe wae. Wah
atiku sok njur susah banget je dhi, mengko nek pikirane dadi owah, piye”.
“Ah nggih di suwun ampun ngantos ta
yu. Awi ta yu, kula diterke teng nggene le tilem si dhenok, kula tak sumerep.”
Wong loro banjur runtung-runtung
neng peturone Warjo, tinemu bojone Warjo isih nglinteg ngeloni boneka. Mbakyu
adhi mau lungguh neng sandhinge karo omong kleask-klesik, wedi yen mbribeni
sing turu. Wayahe wis bubas surup, Warjo wis rampun anggone nyumeti diyan
teplok. Bubar nyanthelake diyan neng kamare, Warjo banjur nyedak embok lan like
karo kandha :
“Mbok lan sampeyen lik, kula tak
sanja nggene dhik Sarju sing kesripahan. Tulung ditenggakke Dinah sekedhap,
mangkih nek nglilir ndhak bingung”. Lik Iro mangsuli :
“Iya le, bojomu tak tunggokke karo
mbokmu”. Warjo banjur budhal. Ora nganti limang menit wis tekan omahe Sarju.
Bareng wis mateni mesin motor Warjo krungu bayi nangis banter tur sero,
mratandhani yen bayi sehat.
Sawise njagrak motor, nuli
nylingker memburi marane dununge tangis bayi. Neng kamare tinemu wong tuwa-tuwa
padha njibeng nunggoni bayi sing nangis kekejer diemban mbane. Warjo nyerak
takon :
“Kok nangis terus niku enten napa
mbok?” Mbahne bayi mangsuli :
“Sajake empun kraos salit mas, wong
angger kula tetesi maben niku njur kendel. Ning namung sekedhap njur nangis
malih. Kalih tutuke niku empun cloropan mawon.”
Warjo krasa welas banget atine,
njur nyedhaki Sarju bapakne si bayi karo kandha :
“Dhik, bojoku asine mung diguwaki,
wong metu terus, mangka susune ya isih mentheng-mentheng merga kebak.” Sarju
mung manthuk-manthuk, merga durung ngerti karepe Warjo. Warjo njur kandha
ngarah-ngarah :
“Piye ya dhik Sarju, nek anakmu
kuwi disusokke bojoku?, e … ya sapa ngerti nek njur gelem meneng”. Sarju gage
mangsuli :
“Wah nek kersamu ngomo aku setuju
banget mas. Aku jan bingung tenan je, yen krungu tangise.”
“Ha piye, saiki dicoba apa piye?
Warjo nari Sarju. Anakmu gendhongen digawa neng omahku tak boncengke” pakone
Warjo.
“Iya mas”. Kanthi disetujoni mboke
lan wong-wong tuwa sing padha welas krungu tangise, bayi abang kuwi dibopong,
diuwel-uwel jarik amba brukut, banjur diajak mbonceng Warjo tumuju ing omahe.
Tekan ngomahe, Dinah bojone Warjo
wis lungguh karo pijer ngliling bonekahe. Warjo mlebu dhisik, banjur nyedhaki
bojone karo kandha :
“Nah gilo saka Puskesmas, dening
dokter anakmu wis entuk digawa mulih”. Gage panyaute Dinah :
“Endi mas?” Warjo metu, njaluk bayi
sing dibopong Sarju digawa mlebu karo kandha. :
“Nya Nah anakmu, wis gek njur
disusoni!” Dinah nampani bayi, tumuli diambungi lan dikekeb-kekeb gawe trenyuhe
sing padha weruh.
Klambi dibledhehake, kotang dibukak
benike, wusana tutuk bayi kuwi dithukke ing punting payudarane. Sawise punting
mlebu ing tutuke, wusana capluk.... mot … mot…, bayi kuwi nglenyut kanthi
dhokoh ora mandheg-mandheg.
Meruhi iku kabeh Warjo lan Sarju
trenyuh kaworan bungah sing tanpa upama, nganti padha netesake luh. Warjo
nyeret tangane Sarju metu karo kandha :
“Piye dhik? Atiku bungah banget
bayimu gelem nusu bojoku.”
“Aku semono uga mas, rasane atiku
mak plong lega. Tur yu Dinah kokya kaya karo anake dhewe”.
“Ya kuwi dhik, muga wae dheweke
njur eling. Mula becike, anakmu tinggalen kene ben disuoni bojoku, lan bojoku
ya ben mari olehe setres. Perkara mbesuk, ya padha dirembug mburi, wong awake
dhewe tujuane mung becik. Dhasare bab iki ya dingerteni wong akeh”.
“Ngono ya becik mas, wis mangsa
borong, aku manut kersamu, sing cetha atiku saiki wis ayem...... lan tenang”.
“Ya syukur dhik, ya ngene iki
bathine wong rukun, penandhang sing abot di kaya ngapa, bisa dadi entheng merga
disangga bebarengan. Sarju ninggalke omahe Warjo, ning wong loro kuwi atine
padha rasane, anane mung lega… bungah lan syukur karo sing Maha Kuwasa.
Jebulane ya nyata, wong yen tansah ora lali ndedonga lan sembahyang mono,
Pangeran mesthi tansah paring pitulungan lan pangayoman. Ya kuwi bathine wong
rukun.
TAMAT
Oleh: Nini Klenyem