17 November 2012

GUS DUR ( Geguritan)

Gus
Sing jenjem anggonmu sare
Jer awan tengange wus gumanti sore...
Sasurutmu sing padha mlaku mung kari bangke

Gus,
Aku isih ngadeg ana kene
Kaya nyawa
Yen adoh sapanjuru angin
Yen cedhak mung antarane telak lan tenggak

Atiku njola nyekseni bangkit lan rubuhmu
Nalika bangsa iki ketaman gara gara mawalikan
Rajapati ing banyuwangi
Jiwa-jiwa mudha lan suci
Tiwas ing semanggi-trisakti

Sing bener katon luput
sing luput katon zuhud
Kayu Kayon kang kukuh ana tengah sinapu barating nepsu ngalor ngidul
Temah sing padha nggandhul kendhang
Tan kuwagang nampa panandhang

Ana sing kaselak mukti, lungguh kursi dadi menteri
Abot telak timbang sanak
Ana sing adol santri
Lali sangkan lali paran, padha ketungkul golek badhogan!!!

Luwih becik meneng satengahe jaman sing mencla-mencle!

Gus, aku mesem
Nyawang saperangan wong sing padha nangis ing kuburmu
Kamangka wingi isih ngguyu cekakaan nalika nyawang kowe diirit metu saka kutharaja
Dipeksa lengser keprabon tanpa dosa tanpa prakara

Jebul Negara iki dudu Negara ukum nanging Negara politik!
Salah bener bisa diinger!
Tanpa kiblat tanpa pancer
(Kiblate papat ning tanpa pancer!)

Gus
Aku luwih seneng yen balimu ing ngayunan tanpa pangkat
Tanpa gelar pahlawan sing njejemberi amal lan iman
Pedahe apa oleh gelar saka wong singlar
Ora wurung mung dadi barang haram lan bakal diundhat-undhat kanggo kampanye golek dukungan!

Ora Gus…
Kamulyanmu ora sirna mung perkara gugur tanpa tandha
Labuhmu ora muspra najan tanpa cinathet ing buku Negara!
Tresnamu marang kawula, wis tanpa wates
Ginawa wiwit lair nganti garising tapel wates!
Gusti Allah sing bales

Sapungkurmu
Wiwit tumiup angin tegal kuru
Wus njeggreg sang Arjunasasrabahu
WASITTA NIMITANTA MANEMU SUKA
WASITA NIMITANTA KEPANGGUH PATI
Sing utang bakal tinagih
Sing mitenah bakal kepamah

Hayo padha sumingkir!!!!
Sing isih percaya marang jangka nubuat lan sabda
Age - age tinggalna ratu dewasrani
Sing bagus rupane ning candhala ing budi

…………………………………………………….
Yen ora kepengin sinapu murkaning Gusti!!!

Puisi Jawa (Geguritan ) GusDUR
Cipt : Dhalang Poer (NGAWI)
di Baca 1 :di pendhopo Widya Graha Kab. Ngawi (waktu Peringatan 40hr WafatNya GusDUR)