27 August 2012

GOROH ( Ngapution )

Banyu Udan Wis Tumibo, Saben Dino.
Howo Adem Nunjem, Nganti Balung lan Sungsum

AngenKu Ngawang, Nyawang Indahe Lintang.

Sa'Klebat Kelingan JanjiMu dek Semono....
Nyedak, Ngrangkul, Ngraket Mergo Karep Munggah Projo.

Bakal MandeGani, Ndandani Kahanan Tumoto Adi Luhung.
Kabeh Podho Kayung-yun, Rukun ... Sayek NyengKuyung.

Bareng Wis Nyandang Pangkat,,, Kowe Khianat.
Mamerke KabisanMu, NgendelKe KuwasaMu....
AdiGang, AdiGung... Koyo-Koyo Biso NjungKruk Gunung, Nyundul Mendhung.

Deleng'en Tugu Astino, Isih Ngadek NjeGrek,,,Tanpo Owah, Tanpo Goyah.
Melu Nyatet Crito Lakune Sejarah

Ing Tapel Wates Protelon Pakis, Seksi PangucapMu sing Pedes lan Sadis....
Snajan Ati Miris, Giris...Ning Ra Bakal Eluh iki Tumetes Dadi Tangis.

TerusNo..............
TutukNo Polah AngkuhMu, Banterno UcapMu kang Atos Koyo Watu.
Terusno NgombeMu, Ngokop Kringet lan Getih-Getih RakyatMu, Nganti Ilang NgelakMu.

Wis.......
CangkemKu kesel, Ngedumel.
Wis........
Aku tak Meneng, Sinambi Ndeleng,
Bakalan Katon Ngendi sing Putih, Ngendi kang Ireng.

Kanthi NdeDongo kaliyan Sholawatan Bareng....
Mesti Bakal Ono Pepadhang Kang NyingkirKe Kahanan Petheng.